Doa Tulak Bala dan Penyempurna
Deskripsi
Doa secara jawa, warisan leluhur yang bisa lebih dimengerti oleh masyarakat sekitar, sebagai pengganti doa dalam agama namun dalam bahasa jawa agar bisa dimerngerti. Untuk memohon pertolongan keapada Tuhan YME, benar benar lahir dan batin untuk ikhlas agar doa yang dipanjatkan dapat diterima. Misalnya dalam islam Allahuma, dalam jawa duh gusti pangeran kulo nyuwun pangapunten.
Kita memberi sesaji, ada pisang beraas, bunga termasuk sesaji lengkap sehingga arti dari sesaji mulai dari setiap takir ada maknanya, dijabarkan lalu diberi doa, ada doanya sendiri.
Ingsun kang memetribumi suci ing tlatah sumberawan ingkang dipun sekseni sedoyo kadang ingkang sami rawuh mugiyo ingkang sami rawuh anggenipun menembah menekung dumateng Gusti ingkang mau suci mugyo khas jembatan nopo kang sinedyo, jumbuh kang ginaris anggenipun nyeyuwun dumateng gusti kang moho kuwoso.
Duh Gusti kang Maha Kuasa, Gusti pangeran kulo ingkang kulo sembah rinten kalawan dalu, ing palenggahan punika kulo nyuwun idin palilah bilih sedoyo poro kadang sambil lengkah wonten papan ingkang wiyar meniko, nyuwun dumatang gusti kang moho kuoso lumantar poro pepunden ingkang wonten ing sumberawan.
Poro leluhur lan poronga luhur wonten ing tlatah sumberawan, sedoyo Nini Among kaki Among Nini jangkung kaki jangkung, ing tlatah sumberawan, Nini Asmoro bumi kaki Asmoro bumi ingkang wonten ing tlatah sumber awan, Nini Asmoro banyu kaki Asmoro banyu ing tlatah sumberawan, sedoyo kasuwunan Pamuji Rahayu wilujeng kasembadan kang sinedya jumbuh kang ginayuh.
Sedoyo poro pepunden kulo ingkang lenggah wonten ing tlatah sumberawan sambil maringi palilah utawi maringi gegapilan panyuwun dumateng gusti kang moho kuasa mugiyo saged kasembadan.
Mungkin memetri bumi suci wonten ing tlatah sumberawan, kiblat sekawan gangsal ingkang dipun panggeni sedoyo sageddo Sampurno Nirmala ing tahanan jati maringono nopo ingkang kulo suwun salah sedoyo poro kadang ingkang sami cumiwa, mugyo ingkang sami jumio tansah paringono gampang gangsar lancar anggenipun pados sandang kalawan tedan, ugi hanya nyuwun dumateng sih kawalasanipun gusti kang maha kuasa Mugi yo koyok ingkang wonten ing sumberawan sagedo murokapi, nyukupono dumateng sedoyo poro kadang ing tlatah Singosari. Mulai saking tanam tuwuhipun ingo-ingonipun, kebo sapi bebek ayam iwen iwen sanesipun. Sedoyo purwargo Mugi manggihi Rahayu kalis ing sambekolo slametha wit-witan lan pungkasanipun.
Sineksenan jagad agal, jagad alus geter pater lan sak gandheng sedoyo.
Linambaran dening kidung mugi teguh rahayu, luputa ing lara, luputa bilahi kabeh, jin setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah penggawe ala gunane wong luput, Geni atemahan tirta, maling adoh tan ana arah maring ingsun, ono brojo luout ono sedya ala, ora teko ono teko ora temama kadya kapuk tiniba wesi, sakaliring wisa tawa sak gurdo kang tutuping alam kabeh minangko rahayuning badan.
Kayu angker lemmah sengker kang landak buana lemah miring kang dadi pakipate warak, pakipate waras kalir yen winoco segoro asat kuwasa lembah luhure, kinederan dening widodari rinekso dening malaikat pinayungan adam syarat kang dadi Dzat sariro tunggal, teguh wilis teguh rahayu, rahayu slamet sedoyo poro wargo ingkang sami sumiwa, rahayu slamet sedoyo warga ing tlatah Singosari, ugi sedoyo isen-isenipun kados kebo, sapi, bebek, ayam , iwen-iwen lan sanesipun lan tanem tuwuhipun ingkang wonten pesabinan lan teng pategalan tansah manggihyo rahayu ingkang slamet kalis ok ng sambekala.
Pinayungan dening Joromoyo Yomoroyo, Niramaya ya maraniradu,
Miyaya midura sadu mingga midusa. Palasia ya silapa, mahasiya ya sihama, cayasita ya sicaya yodho yudho dayu daya.
Winengku dening nga tha ba ga ma, nya ya ja dha pa la wa sa ta da ka ra ca na ha (3x)
Podo siro slamete Sang Teguh marang Hyang Widhi mugo luoutna ambu senjatane musuh niki, klawan berkat wali lan mukmin lan siro teguhna dening Hyang Sukma. Teguh wilis, teguh rahayu, rahayu slamet sedoyo poro warga ingkang sami rawuh, ingkang sami sumela ugi sedoyo poro wargo ing singosari, lan sedoyo penghuninipun ing singosari milai saking pangembating projo utawi sanes-sanesipun.
Manggihyo wilujeng slamet jalis ing sambekala.
NUWUN
RAHAYU
Doa doa untuk alam semesta, untuk seluruh umat.
Nilai nilainya yang pertama, kidung wengi (doa) siang dan malam supaya yang kita dengarkan bagi yang dengarkan, kita rasakan bagi yang merasakan agar bisa mausuk ke dirinya masing masing memberi keselamatan tentang dirinya masing masing, seadainya ada yang mau mencuri, akan kembali memberi. Seandainya ada yang mau memukul akan menolong dan doa sebaliknya, kalau orang mau berbuat jahat akan memberi kebaikan itu ada doa tolak bala, permohonan kalau dalam islam ada istighosah ada tahlil.
Doa ini muncul adanya leluhur, ajaran leluhur tidak dapat dipisahkan dari alam semesta, lain dengan doa mengada ada, jadi kalau ini untuk menyempurnakan roh ada, memberi kebutuhan yang lain lain ada, namun ini bahasanya bahasa jawa.
Saya asli keturunan jawa, sesepuh disini sehingga banyak orang yang menganggap saya “paham” dengan doa doa jawa sehingga banyak minta didoakan, yang kedua mencontoh untuk memberi pelajaran mengenai doa, sehingga ajaran leluhur singosari turun termurun sampe rongggolawe, ronggo warsito dan sampe sekarang masih ada. Doa keyakinan terhadap tuhan YME itu macem macem karena percaya dan yakin kepada yang kuasa siapapun sebutannya yaitu Allah, Yesus, sa hyang widhi, sa hyang agung, gusti kang moho kuoso ada pangeran, karena apa doa itu hanya diucapkan dalam hal keyakinan, kalau gak yakin ya gak yakin, kalau yakin bener bener pasti, dikatakan “katitayan mu minongko tanggamu” kalau kita yakin pasti akan jadi obat.
Penyebarannya tidak hanya di ini, doa ini sudah menyebar juga di nusantara, ini saya ada simbol nusantara, jadi saya sudah dikatakan budayawan nusantara sejak zamannya pak harto sudah diakui, sehingga saya keliling dari aceh- irian jaya sudah tembus semua, jadi doa ini sudah dimiliki seluruh wilayah, semuanya doanya dari leluhur, yang pakai islam, hindu, buddha boleh. Ada yang namanya kolocokro, carokobalik macem macem sehingga doa sesuai fungsi hanya sekedar kalimat, kata honocoroko ada maksud - maksud. Suatu ketika tulisan tulisan bisa dipakai doa sebagai abjadnya dalam bahasa islamnya, allahuma ada alam dan semestanya, duh gusti pangeran kulo.
Doa ini doa untuk menolak dan mengembalikan kejahatan pada setiap orang.
Referensi
Wawancara dan Dokumentasi Asli
Koreksi Kami
Temukan informasi yang perlu diperbaiki? Kirim masukan kepada arsiparis.
